Purwakanthi

Rabu, 26 Februari 2014



PURWAKANTHI

Purwakanthi asale saka tembang purwa lan kanthi. Purwa tegese ngarep dene kanthi tegese gandheng. Dadi purwakanthi tegese gandheng karo ngarepe.Purwakanthi memper tegese karo sajak utawa rima. Sabenere, jinis lan jenenging purwakanthi uga ora akeh, yaiku: purwakanthi guru swara, manawa kang runtut swarane (lumrahe swara aksara menga/vokal); purwakanthi guru sastra, manawa kang runtut aksarane; purwakanthi guru basa lan purwakanthi lumaksita.

Purwakanthi swara
Purwakanthi swara yaiku unen-unen kang runtut swarane (vokal) Tuladha:
  • Gemi setiti ngati-ati
  • Bungah susah iku lumrah
  • Desa mawa cara negara mawa tata
  • Aku lara paling para
  • Aja dumè menang, banjur tumindak sawenang-wenang
  • Ana awan, ana pangan
  • Ana dina, ana upa
  • Ati karep, bandha cupet
  • Bareng wis makmur, lali marang sedulur
  • Becik ketitik, ala ketara
  • Gelem obah, mesthi mamah
  • Inggah inggih, ora kepanggih
  • Ijo-ijo godhong kara, bareng bodho lagi rumangsa
  • Ireng-ireng kétok untuné, bareng seneng kétok guyuné
  • Ora cepet, ora ngliwet
  • Thenguk-thenguk, nemu kethuk
  • Tuwas sayah, ora paédah
  • Ana catur mungkur, ana bapang nyimpang.
  • Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon. Aja banter-banter mundhak keblinger.
  • Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati.
  •  Yen gelem obah bakal mamah.
  • Keplok ora tombok.
  • Opor bebek mentas awake dhewek.
  • Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati.


Purwakanthi sastra
Purwakanthi sastra yaiku unen-unen kang runtut sastrane (kongsonan) Tuladha :
  • Tata titi Tatas titis
  • Cecer cicir cewet
  • Kala kula kelas kalih kula kulak kalo
  • Aja dhemen memada samèng dumadi
  • Bobot, bibit, bèbèt
  • Janji jujur, jajahané mesthi makmur
  • Sing sapa salah sèlèh
  • Sing wèwèh bakal wuwuh
  • Sluman slumun slamet
  • Tata titi tentrem

Purwakanthi basa/lumaksita
Purwakanthi basa/lumaksita yaiku unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho. Thuladha :
  • Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgondani
  • Bayem arda, ardane ngrusak busana
  • Kolik priya, priyagung anjani putra
  • Asung bekti, bektiné kawula marang Gusti
  • Bayem arda, ardané ngrasuk busana
  • Lungguh dhingklik, dhingkliké wong cilik-xilik
  • Nandang lara, laraning wong lara lapa
  • Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa
  • Raja putra, putra dalemé Ngastina
  • Saking tresna, tresnané mung samudana

Purwakanthi utawa aliterasi iku unen-unen utawa ukara kang runtut basa utawa sastrane. Purwakanthi kang runtut basane jenenge purwakanthi basa, dene yen ing sastra sinebut purwakanthi sastra. Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngemot paribasan, saloka, utawa tembang.












0 komentar:

Posting Komentar